Pacelathon
Rangkuman Materi Bahasa Jawa Kelas VIII
1. Tata Krama (Sopan Santun)
Pengertian:
Tata krama yaiku aturan utawa paugeran perilaku kang kudu ditindakake kanggo nuduhake rasa hormat lan andhap asor marang wong liya. Contoh Penerapan:
1. Nyuwun pangapunten nalika salah.
2. Nundhuk nalika liwat ngarepe wong tuwa.
3. Ngucap salam nalika mlebu omah utawa papan umum.
Tujuan:
Supaya tumindak lan tindak-tanduk kita bisa ditampa kanthi becik lan bisa ngajeni sesrawungan karo wong liya.
2. Unggah-ungguh Basa
Pengertian:
Unggah-ungguh basa yaiku cara migunakake basa Jawa miturut panggonan, kahanan, lan marang sapa kita guneman. Etika iki nuduhake rasa hormat, andhap asor, lan sopan santun. Contoh Penerapan:
1. Ngomong karo guru nggunakake basa krama alus: "Kula nyuwun pangapunten, Bu."
2. Ngobrol karo kanca sepadan nggunakake basa ngoko: "Aku lunga dhisik, ya."
3. Ngomong karo wong tuwa nganggo krama madya utawa krama alus.
Tujuan:
Supaya komunikasi bisa lancar lan ora nyinggung perasaan wong liya. Iki uga nuduhake rasa hormat miturut struktur sosial masyarakat Jawa.
3. Ragam Bahasa (Basa Ngoko lan Basa Krama)
Pengertian:
Basa Ngoko: Basa kang digunakake kanggo sesrawungan antarane kanca sepadan utawa marang wong kang luwih enom.
Basa Krama: Basa kang digunakake kanggo ngajeni, utamane marang wong kang luwih tuwa utawa duwe pangkat.
Contoh Penerapan:
a. Ngoko: "Kowe wis mangan durung?"
b. Krama: "Panjenengan sampun nedha, dereng?"
Tujuan:
Supaya komunikasi bisa sesuai karo adat istiadat lan tatanan masyarakat Jawa.
Source :
1. http://repository.iainkudus.ac.id/10577/5/05%20BAB%20II.pdf
2. https://repository.uinjkt.ac.id/dspace/bitstream/123456789/7486/1/SRI%20HANDAYANI-FUH.pdf
3. https://digilib.uinkhas.ac.id/10945/1/Diana%20Rahmayanti_T20174086.pdf
Komentar
Posting Komentar